Resep Kerupuk Melarat Khas Cirebon (Resep Basa Jawa)

Resep Kerupuk Melarat Khas Cirebon (Resep Basa Jawa)

resep kerupuk melarat resep bahasa jawa
Proses pembuatan kerupuk melarat



Alat :
Ø  Lading
Ø  Tampah
Ø  Timbangan

Bahan :
Ø  1 kg brambang putih
Ø  Glepung tapioka sakcukupe
Ø  4 1/2 uyah
Ø  Banyu sakcukupe

Cara Nggawe :
Ø  Siapke bahan-bahan mau (brambang putih dialuske)
Ø  Terus campur lan udek nganti roto.
Ø  Sakwise roto, adonan di deleh ning cetakan sing ukurane 1 1/2 cm x 2 1/21/2 cm.
Ø  Tambahi banyu sing umup ning adonan kui. Dhuwure banyu dicorke sakduwure 1 meter ning nduwur glepung.
Ø  Nganggo banyu sing umup panas kiro-kiro 3 ember kanggo ngecor adonan.
Ø  Banjur glepung dinengke nganti nggumpal koyo kanji sing kentel.
Ø  Adonan kanji sing ngnetel iki sing ngkone arep didadikke bahan kerupuk.
Ø  Campur kanji mau karo turahan glepung sing ora dicor.
Ø  Gawe gelondongan seko bahan kui.
Ø  Udek nganti roto lan atos. Yen wis atos, terus diiris-iris sesuai kepinginane.
Ø  Toto irisan kui mau ning nduwur tampah. Banjur ditutup nganti mateng , tapi ojo kesuwen.
Ø  Yen wis cukup, pindahke seko tampah ning wadah sing liyo.
Ø  Sakwise dipindah, banjur irisan kui mau dipe ning panasan nganti garing.
Ø  Yen wis garing, nembe irisan kerupuk kui mau iso digoreng nganggo pasir kali sing wis diresiki.
Ø  Yen wis digoreng nganti mateng, banjur dilebokke wadah garing.
Ø  Kerupuk melarat siap dipangan.

Comments